I. Wenehana tandha ( X ) ana aksara A, B, C, D,
utawa E kang koanggap bener!
1. Wara-wara kang digawe dening instansi,
organisasi utawa perkumpulan resmi, diarani wara-wara ....
A. ora resmi D. kang sifate resmi
B. tradhisional E. modern
C. campuran
2. Ciri-ciri utawa tandha-tandha kang diarani
wara-wara resmi kang gampang dititik, yaiku ....
A. ana isine D. migunakake kop surat
B. asma terang cetha E. apa anane
C. tembunge karama
3. Wara-wara ana kang tinulis, ana kang
lisan. Sing kalebu wara-wara lisan, yaiku ....
A. Ariwarti D. Brosur
B. Sapta Warti E. Swara Lugas
C. Candra Warti
4. Informasi kang ditujukake kanggo khalayak
umum, biasane nduweni sifat kang blak-blakan, diarani ....
A. Kalawarti D. Pawarta
B. Wara-wara E. Layang Kabar
C. Ariwarti
5. Manut tujuane, wara-wara migunakake
tembung-tembung kang sifate teknis, tegese ....
A. ora ngayawara D. tembunge eksplisit
B. digawe kanthi resmi E. diwenehi identitas
C. gampang dimangerteni
6. Isine wara-wara iku ana 3, yaiku ....
A. pembuka – isi – penutup D. pembuka – isi – asma terang
B. kop surat – isi – tandha tangan E. kop surat – isi – asma terang
C. tanggal – isi – penutup
7. Pawarta kang durung nyata bener arane,
diarani ....
A. Gosip D. Apus-apus
B. Rasan-rasan E. Sejarah
C. Kabar Burung
8. Nggawe sawijining pawarta kuwi ana
paugerane kang diarani 5W, kaya ngisor iki, kejaba ....
A. Sapa D. Kapan
B. Apa E. Kepriye
C. Ana Apa
9. Pawarta biasane digiyarake utawa disiarake
dening media elektronik. Ing ngisor iki kang kalebu media elektronik yaiku ....
A. Buletin D. Tabloid
B. Radio E. Layang kabar
C. Majalah
10. Prastawa utawa kedadeyan kang dilaporake dening
wartawan, biasane duwe sifat aktual lan faktual, diarani ....
A. Wara-wara D. Kalawarti
B. Pawarta E. Layang
C. Ariawarti
11. Supaya bisa urut inti pokok pawarta kang
digunakake kudu ....
A. nyathet pokok-pokok pawarta D. nggoleki irah-irahane pawarta
B. maca pawarta kanthi cetha E. nemtokake gagasan utamane pawarta
C. pawarta diwaca batin
12. Ariwarti yaiku kabar utama pawarta kang
metu saben ....
A. dina D. sasi
B. minggu E. Taun
C. Wulan
13. Inti utama ide dhasare cerita, diarani
....
A. Tema D. Latar
B. Alur E. Sudut pandhang
C. Plot
14. Layang saka Ani wis dakwaca. Layang iku
bisa ngurangi rasa lungkrahku sawengi muput ana dalan Bandung – Blitar lumayan
gawe lencune awak.
Pethikan crita ing ndhuwur nganggo sudut
pandhang ....
A. wong kapisan D. campuran
B. wong kapindho/keloro E. ora nganggo
C. wong katelu
15. Carane pengarang nggambarake lan
njlentrehake karakter tokoh-tokoh ana ing crita,
diarani ....
A. Alur D. Amanat
B. Penokohan E. Gaya Bahasa
C. Latar
16. Pengalaman sing gawe guyu tumrap wong sing
padha ngalami iku uga diarani pengalaman ....
A. lucu D. bungah
B. susah E. pribadhi
C. sedhih
17. Sawise oleh pengalaman iku wong kasebut
bisa sangsaya mempeng anggone sinau utawa makarya. Yen mangkono pengalaman iku
bisa nuwuhake ....
A. Panandhang D. Greget
B. Kasungkawan E. Panalangsa
C. Dukita
18. Prastawa utawa kedadeyan kang dialami dening
sawijining wong kang ora gampang dilalekake utawa kang narik kawigaten ana ing
uripe, diarane ....
A. Pawarta D. Sinematografi
B. Cerita Cekak E. Pengalaman
C. Biografi
19. Anane unggah-ungguh basa kasebut, tumrap
wong Jawa menawa omongan iku kabudidaya ngajeni marang wong liya, kosok baline
bisa nglungguhake ajining ....
A. Dhiri pribadhi D. Busana
B. Lathi E. Raga
C. Salira
20. Pratelan ing ngisor iki sing awujud basa
krama lugu, yaiku ....
A. Kowe arep lunga ana ing ngendi?
B. Kowe arep tindak ana ing ngendi?
C. Sampeyan badhe kesah wonten pundi?
D. Panjenengan arep tindak ana ngendi?
E. Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?
21. Komunikasi kanthi telepon nduweni
kaluwihan kaya ing ngisor iki, kejaba ....
A. cepet D. ringkas
B. kudu ketemu E. wektune kapan bae
C. murah
22. Kang perlu digatekake nalika nampa telepon
.... kejaba ....
A. nyambut kanthi salam D. nganggo basa sakarepe
B. nyebutake identitasmu E. nutup telpon kanthi salam
C. takonana keperluane
23. Maca lancar iku maca kanthi bener antarane
120 – 180 tembung saben ....
A. detik D. dina
B. menit E. minggu
C. jam
24. Teknik maca cepet kanggo goleki intisarine
wacana (gagasan pokok, tujuan, lly) diarani ....
A. Skimming D. Langsung
B. Scanning E. Ora Langsung
C. Scramming
25. Kanggo nambah kemampuan maca, bisa
migunakake cara maca ing ngisor iki, kejaba ....
A. maca batin D. ora dieja aksarane
B. maca diswarakake E. ora dibolan-baleni
C. luwih konsentrasi
26. Paragrap kang nyritakake kedadeyan kang
digawe supaya wong kang maca rumangsa ngalami dhewe kedadeyan kang dicritakake,
diarani paragrap ....
A. Deskripsi D. Persuasi
B. Eksposisi E. Argumentasi
C. Narasi
27. Kang dipentingake ana ing paragrap narasi ....
A. papan panggonan D. gambaran obyek
B. urutane kedadeyan E. pengembangan masalah
C. wektu kedadeyan
28. Wacana kang nyritakake kaanan taman wisata
kalebu wacana ....
A. Narasi D. Eksposisi
B. Deskripsi E. Persuasi
C. Argumentasi
29. Unggah-ungguh basa yaiku pranatan tumprap
panganggone basa manut lungguhing ....
A. Tata basa D. Tata tentrem
B. Tata busana E. Tata cara
C. Tata krama
30. Sing dadi tujuan wacana eksposisi sabenere
yaiku, kaya pratelan ing ngisor iki ....
A. njembarake wawasan lan kawruh D. ngrimuk wong liya
B. ajak-ajak wong liya E. Menehi keterangan
C. Ngrawehi wong liya
31. Laporan perjalanan lan resep masakan bisa
kagolong wacana ....
A. Paragrap Narasi D. Paragrap Argumentasi
B. Paragrap Deskripsi E. Paragrap Persuasi
C. Paragrap Eksposisi
32. Omahe ora pati gedhe, nanging cekli, latare
ya ora jembar, nanging tandurane maneka warna, sukete ijo royo-royo, wah endah
menawa disawang / didelok.
Wacana ing ndhuwur kalebu wacana ....
A. Narasi D. Eksposisi
B. Deskripsi E. Persuasi
C. Argumentasi
33. Wacana kang mbudidaya menehi alesan lan
bukti-bukti, diarani ....
A. Narasi D. Eksposisi
B. Deskripsi E. Persuasi
C. Argumentasi
34. Wacana kang isine kaya ta; propagandha,
selebaran, iklan, iku kalebu wacana ....
A. Narasi D. Eksposisi
B. Deskripsi E. Persuasi
C. Argumentasi
35. Paragrap Persuasi yaiku paragrap kang
isine bab ....
A. Menehi bukti lan alesan D. Ajakan, imbauan
B. Nggambarake prastawa E. Nggambarake obyek
C. Mbeberake seluk-beluke
36. Ukara ing ngisor iki sing dudu ukara
tanduk, yaiku ....
A. Arum nyapu ana latar D. Layang ditulis Anto
B. Adhik mangan roti E. Sekar ngombe wedang jeruk
C. Murni nyawang manuk mabur
37. Sing kalebu wacana Argumentasi, yaiku ....
A. Ayo nabung D. Kaendahane kutha Sala
B. Carane gawe lemper E. Ngingu kelinci
C. Lulusan SMK kudu trampil komputer
38. Serat pararaton, Calon Arang, kalebu
cerita Jawa ....
A. Kuna D. Modern
B. Tengahan E. Jaman saiki
C. Anyar
39. Pitakon
........... Heh manungsa
Kepriye
anggonira padha
Jejer
dadi pangarsa
Gubernur
Bupati lan Wali kutha ...........
.....................................................
Geguritan ing ndhuwur iku aweh pitakon
babagan ....
A. Panguripan D. Rasa-Pangarsa
B. Kuwajiban E. Pamikiran
C. Kaperluan
40. ?semi=gu
aku an ;l; fin . yen diwaca ....
A. Sedina iku ana 24 jam D. Seminggu iku ana 7 dina
B. Sesasi iku ana 30 dina E. Sewulan iku ana 4 minggu
C. Setahun iku ana 12 sasi
II. Isenana
ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi patitis!
41. Apa kang perlu digatekake nalika
ngrungokake pawarta utawa informasi?
42. Apa kang diarani wara-wara iku?
43. Wenehana tuladha paragrap utawa wacana
Persuasi!
44. Dadekna ukara iki dadi basa krama alus!
“Sesuk sore aku arep lunga Semarang”
45. Gantinen nganggo aksara jawa: “Ibu rawuh saking peken ngasta sayuran.”











Tidak ada komentar:
Posting Komentar