LATIHAN SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL
KELAS II SD SEMESTER 1
MATA PELAJARAN: BAHASA JAWA
A. Wenehana tandha ping (x) a, b, utawa c sangarepe pratelan kang bener!
1. Sadurunge budhal sekolah, Martini nyuwun pamit marang ….
a. bapak utawa ibu guru c. bapak ibu
b. bapak-bapak
2. Ana ing kelas kudu … Bapak/ Ibu guru.
a. mirengake b. dipirengake c. kepireng
3. Kewajibanipun siswa punika ingkang utami ….
a. nyambut damel wonten kantor
b. pados rejeki sapikantukipun
c. sinau lan mbiyantu tiyang sepuh
4. Sikilku loro, pinter nglangi, anakku minthi, aku iki ….
a. menthog b. bebek c. pitik
5. Aku kalebu sato iwen, swaraku petok-petok, aku iki ….
a. pitik jago b. pitik babon c. anak pitik
6. Aku bisa ngasilake daging lan susu. Aku bisa nggeret grobag. Aku iki ….
a. kebo b. bantheng c. sapi
7. Iki ratu ing Dwarawati, yaiku ….
a. Prabu Baladewa c.Prabu Puntadewa
b. Prabu Kresna
8. Bima : … kowe lahir?
Andri : Aku lahir tanggal 04 Mei 1998.
a. Sapa c. Ngendi c. Kapan
9. Pratelan sing bener tumrap baya yaiku ….
a. mangane daging, untune landhep, sabane alas
b. mangane daging, untune landhep, sabane banyu
c. mangane daging, untune landhep, pinter menek
10. Tumindak sing apik kudu ….
a. didohi b. ditiru c. dilungani
11. Iki anake Semar, yaiku ….
a. Gareng
b. Petruk
c. Bagong
12. Gara-gara ing pewayangan iku metune para ….
a. Pandhawa b. Punakawan c. Kurawa
13. Sing nglakokake lan nyritakake wayang yaiku ….
a. sindhen b. niyaga c. dhalang
14. Wayah esuk Sarijan … jendhela.
a. nutup b. mbukak c. ngancing
15. Sadurunge mapan turu, Mulyani … dhisik.
a. mangan b. adus c. sikatan
B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!
1. Papan kanggo lungguhan, nduwe sikil papat, ana sendherane, iku jenenge ….
2. Ana kewan cilik, bisa mabur, senengane mencok ana panganan. Sikile sok nggawa lelara. Kewan iku jenenge ….
3. Godhonge rasane pait, wohe sing mateng rasane legi, iku jenenge wit ….
4. Darti ndherek blanja ibu ing ….
5. Wadhah banyu, digawe saka lemah, wujude bunder, iku jenenge ….
6. Sing padha menyang Bali nginep ana ing ….
7. Langgar iku luwih … tinimbang mesjid.
8. Punakawan sing paling tuwa jenenge ….
9. Gambar wayang ing sisih iki jenenge ….
10. Gamelan sing bisane muni nganggo digesek jenenge ….
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Coba critakna pagaweanmu saben esuk!
2. Sapa wae pandhereke Raden Janaka?
3. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki?
a. dhahar :
b. sare :
c. siram :
4. Sebutna 3 wae gamelan sing kok ngerteni!
5. Aranana jenenge panggonan umum telu wae!











Tidak ada komentar:
Posting Komentar