LATIHAN SOAL ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL KELAS VI SD SEMESTER 1
A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d kang bener!
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 1-5!
Jeruk Suwun
“Heh! Bocah kok yen ana bal-balan wis ra gelem uwal saka ngarep tv. Wis sore ki lo, age budhal!” Ibune ngendika wis ngadeg ana ngarepe.
“Inggih, inggih, Bu!” ujare Agung karo isih tetep nyawan tv. “Kantu setengah jam kemawon.”
“Isih suwe wae. Menyang daleme Bu Harti pirawene. Mengko sedhela, rak wis tekan omah maneh, ta.” dhawuhe ibune sinambi mateni tv. Agung sajak gela.
“Iki, upahe,” dhawuhe ibune karo ngulungake jeruk suwun senengane Agung.
Agung sing maune arep nesu, malih ora sida nesu. Jeruke ditampani, nuli meh wae arep dionceki menawa wae ibune ora menging.
“Mengko wae olehe maem. Gek kana ndang budhal!” ibune nyurung Agung supaya age mlaku.
“Inggih, inggih, Bu,” ujare Agung karo nglebokake jeruke ing kantongan clanane.
Agung banjur budhal menyang daleme Bu Harti. Dheweke mlayu lan sedhela wis tekan.
“Nggoleki Abib, Gung?” takone Bu Harti sing lagi nyirami kembang ing ngarepan.
“Mboten, badhe ngaturake niki lo. Ulem kagem panjenengan.”
“Mlebua dhisik, Gung!” kandhane Bu Harti.
“Inggih, matur nuwun. Abib menapa wonten?” takone Agung.
“Ana, bocahe lagi ngelu, delengen!”
Agung nyalami Abib, “Sing kokgawa kuwi apa, Gung?” Abib takon.
“Ooo, iki jeruk sukun. Pengin apa piye?” wangsulane Agung.
Abib ora wangsulan sawatara wektu mung mesem. Agung ngira, Abib ora gelem kaya sing wis-wis. Batine bungah, ora kelangan jeruke. Ananging panyangkane luput. Sebab sawise iku, Abib manthuk. Kapeksa dheweke menehake jeruke.
Sumber: Wibawa Kelas VI, kaca 2-3
1. Apa sing lagi ditonton Agung ning tipi?
a. berita c. bal-balan
b. sinetron d. pilem
2. Apa perlune Agung dikon ibune menyang omahe Bu Harti?
a. Marani Abib sing lagi lara
b. Ngeterne ulem kanggo ibune Abib
c. Ngeterne jeruk sukun
d. Ngejak Abib dolan
3. Sapa sing mateni tipi?
a. Agung c. Ibune Agung
b. Abib d. Bu Harti
4. Sapa sing mangan jeruk sukun?
a. Agung c. Ibune Agunb
b. Abib d. Bu Harti
5. Ukara ing ngisor iki sing bener miturut wacan ing dhuwur yaiku ….
a. Bu Harti iku ibune Abib.
b. Agung dikon ibune ngerne jeruk sukun.
c. Abib ora gelem jeruk sukun.
d. Abib lagi lara tipes.
6. Kita kedhah … kabudhayan Jawi.
a. nguri-uri c. ninggalaken
b. ngilangaken d. ngeling-eling
7. Dani nangis amarga bar tukaran karo mase.
Tembung tukaran padha karo ….
a. nesu c. padu
b. diseneni d. dolanan
8. Wong wadon kuwi ora patut yen lemu banget.
Kosok balene tembung lemu yaiku ….
a. dhuwur c. kuru
b. cilik d. gedhe
9. Bapak nembe … menyang kantor.
a. lunga c. minggat
b. tindak d. rawuh
10. Mas Bayu, panjenengan … marang ibu guru supaya sregep sinau.
a. dikandhani c. diaturi
b. diomongi d. diwelingi
11. Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Perangan pidhato ing dhuwur diarani ….
a. pambuka c. adingayah
b. isi d. panutup
12. TMP Kalibata enggih punika asma sawijining makam ingkang dumunung wonteng ing tlatah Kalibata, Jakarta Kidul.
Tembung dumunung padha tegese karo tembung ….
a. mapan c. meneng
b. nggumun d. mangan
13. Raden Anoman iku satriya ing ….
a. Plangkawati c. Madukara
b. Kendhalisada d. Lensapura
14. Ukara ing trep kanggo ngritik gambar ing ngisor iki yaiku ….
a. Bocah kok senengane gelut.
b. Yo, ndang diterusne gelute!
c. Aja seneng gelut, mundak ora disenengi kancane.
d. Bocah-bocah kuwi lo, gur tukaran wae.
15. Ukara kang trep karo gambar ing dhuwur yaiku ….
a. Arya lagi ngewangi ibu masak.
b. Arya lagi sarapan karo ibu.
c. Arya lagi ngewangi ibu isah-isah.
d. Arya lagi njaluk maem.
16. Wayang ing sisih iki prabu ing ….
a. Sawojajar
b. Madukara
c. Pringgodani
d. Jodhipati
17. Perangane layang kang ngemot isine layang sing pokok diarani ….
a. pambuka c. surasa basa
b. wesana basa d. peprenah
18.
Aksara Jawa ing dhuwur isine ….
a. Aja dolan adoh-adoh
b. Ana kolah iwak lele
c. Aja polah banter-banter
d. Ana gajah gedhe-gedhe
19. Sing arep melu ibu-ibu RT 3.
Pitakon basa krama kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ….
a. Sinten kemawon ingkang kedah tuwi Mbah Kromo?
b. Sopo wae sing arep tuwi Mbah kromo?
c. Sinten mawon sing arep tuwi Mbah Kromo?
d. Sinten mawon sing ajeng tilik Mbah Kromo?
20. Dadi guru kuwi nyat kudu sabar.
Tembung entar kang trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ….
a. dhawa tangane c. dhawa ususe
b. jembar kawruhe d. bening atine
21. Udan angin yen ditulis nganggo aksara Jawa dadine ….
a. c.
b. d.
22. Budi … hadiah jarik marang simbah.
a. maringi c. diparingi
b. dicaosi d. nyaosake
23. Lelagon “Gundhul-gundhul Pacul” minangka nggambarake ….
a. Wong kang ora nduwe isin amarga polah tingkahe
b. Wong kang bisa dituladhani dening wong liyan
c. Wong kang rugi amarga tumindake kang ora becik
d. Wong kang ora dhuwe pangan amarga segane tumpah
24. Gamelan ing sisih iki diarani ….
a. gong
b. bonang
c. saron
d. gambang
25. Ukara kang nggunakake basa ngoko alus yaiku ….
a. Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis.
b. Pakdhe tindak ning Tawangmangu numpak bis.
c. Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis.
d. Pakdhe lunga ning Tawangmangu numpak bis.
26. Ricikan gamean ing dhuwur iki jenenge ….
a. gong
b. bonang
c. saron
d. kenong
27. Perangane sesorah kang isine mangayubagya kanti rasa panuwun marang para rawuh diarani ….
a. pambuka c. isi
b. wasana d. panutup
28. Ibu lagi mangan sega goreng.
Ukara ing dhuwur yen diganti basa krama alus dadi ….
a. Ibu saweg dhahar sekul goreng.
b. Ibu lagi dhahar sega goreng.
c. Ibu saweg dhahar sega goreng.
d. Ibu lagi maem sega goreng.
29. Udane ora mandheg-mandheg. Dina ora gelem metu saka ngomah. Gaweane mung kemulan wae. Dina ngrasa ….
a. kepanasen c. kademen
b. isin d. mumet
30. Simbah …. lelagon campursari.
a. ngrungokake c. mirengake
b. krungu d. mirengke
B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
1. Prabu Adi Dharma nemu … ning ngalas sing iso nukulake sungu ing sirahe sapa bae sing mangan.
2. Akeh omah kang ambruk keterjang maruta. Maruta tegese ….
3. Tiyang menika kedah tumindak … marang anak yatim piatu.
4. Kakange dhuwur, nanging adhine ….
5.
Aksara Jawa ing dhuwur unine ….
6. Gambar gamelan ing sisih kiwa iki jenenge ….
7. Wayang kulit ing sisih kiwa iki jenenge ….
8. Rindhik asu digitk tegese ….
9. Perangane surat kang isine ngaturake kabar kaslametan, kasarasan, lan katentreman diarani ….
10. panci borot
Ukara ing dhuwur yen ditulis nanggo aksara Jawa dadi ….
C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Coba ceritakna watake Raden Arjuna!
2. Coba aranana gambar wayang kulit ing ngisor iki!
a. b. c.
3. Kowe arep liwat ning ngarepe simbahmu sing lagi lenggahan. Kepriye caramu liwat ing ngarepe?
4. ana ula dhawa banget
Tulisen ukara ing dhuwur ngaggo aksara Jawa
5. Kepriye panemumu marang gambar ing sisih!











Tidak ada komentar:
Posting Komentar