Bahasa Jawa Mid Sem 1 Kelas 3
Wacane kanthi pratitis wacan ing ngisor iki!
Pandhawa iku putrane raja Ngastina yaiku Pandu Dewanta. Pandhawa cacahe ana lima yaiku Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Dene musuhe Pandhawa yaiku Kurawa cacahe ana satus yaiku Duryudhana lan para adhine. Pandhawa lan Kurawa kuwi sejatine isih kulawarga tunggal simbah yaiku Begawan Abiyasa.
Pandhawa kuwi cacahe lima, yaiku Yudistira, Bima, lan Arjuna putra ibu Dewi Kunthi dene Nakula lan Sadewa putrane ibu Dewi Mardim. Kabeh Pandhawawau putrane Pandu Dewanata raja ing Ngastina. Yudistira utawa Puntadewa kuwi mbarepe Pandhawa. Dheweke kasebut titisane Dewa Yama utawa dewane akerat. Puntadewa yaiku raja ing Ngamarta ananging nalika bibar Prang Barathayudha, Puntadewa dadi raja ing Ngastina. Puntadewa nduweni watak jujur, sareh, suci, lan ora tau ngapusi. Adhine Puntadewa sing kapisan yaiku Bima utawa Warkudara. Bima menika nggadhani sifat sing keras ananging dheweke uga nduweni watak jujur lan manut marang ibu utawa kangmase.
Jejuluk panengahing Pandhawa yaiku Arjuna utawa Janaka. Arjuna menika raja ing Madukara. Arjuna nduwe jejuluk lelananging jagad, amarga pasuryane sing bagus. Putrane Pandu Dewanata sing liyane yaiku saka Dewi Madrim yaiku Nakula lan Sadewa. Nakula lan Sadewa nduwe pasuryan kembar. Jalaran kembar ananging nduweni pribadhi sing bedha. Nakula kuwi prigel babagan tetanduran dene Sadewa prigel babagan kewan utawa ternak.
Kapethik saka m.wikipdia
I. Wenehana tandha ping ( X) aksara a, b, c, utawa d kang mujudake patetelan sing bener!
1. Pandowo kuwi cacahe ana … .
a. 6 c. 4
b. 5
2. Pandu Dewanta iku raja ing … .
a. Ngamarta c. Ngastina
b. Sarwojajar
3. Julukane Bima yaiku … .
a. Janaka c. Puntadewa
b. Warkudara
4. Raja ing Madukara yaiku … .
a. Nakula c. Arjuna
b. Sadewa
5. Puntadewa yaiku mbarepe Pandhawa
Mbarep yaiku putra … .
a. Kapisan c. Ketelu
b. Kapindho
6. Pehak sing ora trima isi Piagam Ngastina yaiku … .
a. Pandhawa c. Kurawa
b. Drestarata
7. Sedane kurawa yaiuku nalika … .
a. Prang Barathayudha c. Merguru ing Drona
b. Piagam Ngastina
8. Nakula lan Sadewa prigel ing babagan … .
a. Prang c. Gelud
b. Usada
9. Sing nduwe jejuluk Lelananging jagad yaiku … .
a. Kresna c. Arjuna
b. Nakula
10. Sing ora klebu garwane Arjuna yaiku … .
a. Srengginiwati c. Supraba
b. Sembadra
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku … .
2. Pandhawa putrane Dewi Kunthi yaiku … .
3. Raja ing Ngamarta yaiku … .
4. Pandhawa sing nomor loro yaiku … .
5. Pandhawa sing ahli tetanduran yaiku … .
6. Putrane Pandu Dewanta julukane yaiku … .
7. Pandhawa sing nduweni sifat kerras yaiku … .
8. Tangsen iku julukane … .
9. Tangsen iku jeneng tetanduran sing biso digawe … .
10. Ibune Abimanyu yaiku … .











Tidak ada komentar:
Posting Komentar